Tugas Bahasa Jawa Kelas 9B

Nama: Dhika Dwi Saputra

Kelas : 9B

No    : 09

Sekolah: SMP Negeri 1 Ayah

 

BABAK III

Adegan 1

(Ruang BK sing tumata rapi, asri nganggo pot kembang cilik. Hawane adhem, AC wis ON dening pak Pur sing rawuh luwih dhisik. Pak Seger mrenahake Nabita lan Puput lungguh ing kursi) 

 

Pak Seger "Kene-kene padha lungguh kene cah ayu. Kene Puput lan gendhuk Nabita kene.”

(mrenahake ing kursi ngarep mejane)

 

(tanpa caturan bocah loro lungguh kursi, manut dhawuhe pak Seger)

 

Pak Seger "Saiki sapa sing arep crita luwih dhisik?”

              (takon marang bocah loro sawise lungguh tumata)

 

(nabita cerita luwih dhisik)

 

Nabita : " Niki Pak Guru, Santi njambak kula Pak. Kula mboten ngertos keno opo kula dijambak dening Santi."

Puput: " Nggih Pak Guru. Kula saksine."

 

 (Pak Seger nggalihaken kagem manggihaken masalah)

 

Pak Seger: "Menika nabita lan puput, Menapa leres panjenengan-panjenengan menika ingkang nyebaraken wartos menawi Santi Ngandhut?

Nabita lan Puput: "nggih pak." (Nabita lan Puput mangsuli sareng)

Pak Seger : " Menapa panjenengan- panjenengan iku ngerti berita kuwi?”

 

(Nabita lan Puput Mboten saged sanjang)

 

Nabita: " Kula midhanget kabar menika saking rapat guru kala wingi Pak."

Pak Seger:" kados puniki Nabita lan Puput, murid pinter lan ayu. Rapat guru kala wingi iku mbahas Santi kang terkena penyakit Busung Lapar. Pramila bapak lan ibu guru ngadekake rapat kanggo mbahas masalah kasebut. Lan kasil rapat kasebut, Santi kedah dipunreksa wonten Rumah sakit."

Puput: " Oh, dados kedadosan saleresipun kados menika nggih Pak. Kula lan nabita nyuwun pangapunten kaliyan Pak Guru lan Santi.

Nabita: " menawi kados menika, kula lan Puput izin pamit dhateng UKS pak. Kula badhe nyuwun pangapunten kaliyan Santi lan mengklarifikasi wartos menika dhateng sadayaning tiyang."

Pak Seger: " Nggih cah ayu. Lain kali nalika nyebarna berita iku mesti dicek dhisit kebenaran berita kasebut."

Nabita lan Puput:" Nggih pak Guru."

 

(Nabita lan Puput banjur tindak menyang UKS)

 

BUBAR

 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Layakkah Soeharto Jadi Pahlawan Nasional?

Harmoni dalam Keberagaman Bhinneka Tunggal Ika

Sejarah Politik dan Politisasi Tionghoa di Indonesia